Jaman globalisasi saha majengipun budaya manca ing
wekdal menika anjalari sedaya peranganing agesang bebrayan agung budaya Jawi
ngalami ewah gingsir, kalebet: unggah-ungguh, subasita, tatakrama, basa lan
sastra, saha karemenanipun bebrayan agung. Pangaribawa budaya informasi (HP,
TV, internet, Facebook, Twitter) celak sanget kalihan para putra, tundhonipun
kapribaden (jatidiri) budaya timur (Jawi) sangsaya luntur, kapribaden budaya
manca tambah ngrembaka. Pramila kangge nyawekani prekawis menika kapribadenipun
para putra kedah ginulawenthah lumantar tri wiyata; wiwit wonten kulawarga,
pawiyatan (sekolah), menapadene wonten bebrayan ageng (masyarakat). Unggah-ungguh
basa Jawi saperangan ageng sampun boten dipunangge utawi kaginakaken para putra
(generasi mudha), jalaran sami rumaos angel, boten mangertos tegesipun, lan
sampun boten sami kulina ngginakaken basa Jawi. Pramila kathah pamanggih bilih
basa lan sastra Jawi “badhe pejah” jalaran tiyang Jawi sami ilang Jawane, ilang
lan luntur kapribaden saha jatidirine. Kanthi sebab-sebab punika, sumonggo kitha tansah nglestarekaken unggah-ungguh basa jawi kanthi bener. punika rincianipun. sumonggo di klik -->
NGLESTAREKAKEN UNGGAH-UNGGUH BASA JAWI ING JAMAN SAMENIKA
Tidak ada komentar:
Posting Komentar